Såpå sìng ora tèyèng idèntitasmu dhéwé? Ora mungkìn! Kabèh
wòng mêsthi duwé idéntitas, ora mùng mânungså, kéwan karo tandhuran (m)barang
yå duwé idèntitas dhéwé lho! Ora mùng pangurípan thòk, ha wòng barang pêjah baé
kåyå wêwatuan, banyu, lêmah, kabêl, hapé, dhuwìt, lsy (lan saliyanè<red) (m)barang
duwé idèntitas dhéwé thå yå! Ora ngandêl? Ha njùk ngåpå ånå banyu síng jênisé
séjé-séjé kåyå banyu tawar, banyu uyah, banyu racún, banyu zam-zam, lsy. Kuwi
yå kásêbat idèntitas thå?! Lha ho’ó thå yå! Kabèh bab kuwi duwé idèntitas
dhéwé-dhéwé.
Ngòmòng-ngòmòng
babagan idèntitas, saman tèyèng tégésé idèntitas åpå ora? Miturúté nyòng,
idèntitas yåkuwi kápribadèn unìk sìng ora diduwèni marang wòng liyå, nånå sìng
duwé idèntitas sìng pådhå plêk-jiplêk sênadyan kuwi bocah kêmbar. Såkå sidík
driji, jênêng, gènétik, lsy. Idèntitas kuwi watòné iså baé såkå jénéngmu, káwarganêgarananmu,
kulinanmu, suku wångsåmu, pêgawèanmu, zodiakmu, lan saliyané.
Kabèh bab, klêbu
mânungså, kèwan, tandhuran, barang pêjah, lan åpå baé malah têmbungan lan wayah
yå ugå duwé idèntitas, dadi nèk ånå sìng ngòmòng nèk dhè’é ora duwé idèntitas,
åjå dingandêli! Kuwi mùng ngapusi! Kabèh bab ånå nang donyå kiyé duwé
idèntitas sênadyan kuwi múng turahan yå
pådhå baé.
Dadi, åpå idèntitasmu?
Tulådhåne idèntitas? Yå wìs dak wènèhi tulådhå cilìk;
Jênêng Indònésiyah/ jênêng bròjòl : Mufid Zaky Asari
Jênêng Jåwå : Bêgjå Takaryantå
Jênêng cêlukan : Kêncòt
Wargå Nâgårå : Indònésiyah
Suku Wangså
: Jåwå (Kêdu)
Ras : Mòngòlòìd
Dadi, dak balèni mánèh: kabèh bab kuwi duwé idèntitas uník
dhéwé-dhéwé.




















