Rabu, 31 Juli 2013

Idèntitas Piyambak (Cårå Jåwå Kêdu - Kedu Javanese)




     Såpå sìng ora tèyèng idèntitasmu dhéwé? Ora mungkìn! Kabèh wòng mêsthi duwé idéntitas, ora mùng mânungså, kéwan karo tandhuran (m)barang yå duwé idèntitas dhéwé lho! Ora mùng pangurípan thòk, ha wòng barang pêjah baé kåyå wêwatuan, banyu, lêmah, kabêl, hapé, dhuwìt, lsy (lan saliyanè<red) (m)barang duwé idèntitas dhéwé thå yå! Ora ngandêl? Ha njùk ngåpå ånå banyu síng jênisé séjé-séjé kåyå banyu tawar, banyu uyah, banyu racún, banyu zam-zam, lsy. Kuwi yå kásêbat idèntitas thå?! Lha ho’ó thå yå! Kabèh bab kuwi duwé idèntitas dhéwé-dhéwé.

     Ngòmòng-ngòmòng babagan idèntitas, saman tèyèng tégésé idèntitas åpå ora? Miturúté nyòng, idèntitas yåkuwi kápribadèn unìk sìng ora diduwèni marang wòng liyå, nånå sìng duwé idèntitas sìng pådhå plêk-jiplêk sênadyan kuwi bocah kêmbar. Såkå sidík driji, jênêng, gènétik, lsy. Idèntitas kuwi watòné iså baé såkå jénéngmu, káwarganêgarananmu, kulinanmu, suku wångsåmu, pêgawèanmu, zodiakmu, lan saliyané.

     Kabèh bab, klêbu mânungså, kèwan, tandhuran, barang pêjah, lan åpå baé malah têmbungan lan wayah yå ugå duwé idèntitas, dadi nèk ånå sìng ngòmòng nèk dhè’é ora duwé idèntitas, åjå dingandêli! Kuwi mùng ngapusi! Kabèh bab ånå nang donyå kiyé duwé idèntitas  sênadyan kuwi múng turahan yå pådhå baé.

     Dadi, åpå idèntitasmu? Tulådhåne idèntitas? Yå wìs dak wènèhi tulådhå cilìk;

Jênêng Indònésiyah/ jênêng bròjòl         :  Mufid Zaky Asari
Jênêng Jåwå                                         : Bêgjå Takaryantå
Jênêng cêlukan                                     : Kêncòt
Wargå Nâgårå                                     : Indònésiyah
Suku Wangså                                       : Jåwå (Kêdu)
Ras                                                      : Mòngòlòìd



    Dadi, dak balèni mánèh: kabèh bab kuwi duwé idèntitas uník dhéwé-dhéwé.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar