Élìng! "Dhé’é" ora pådhå ambèk "Dhè’é"... kuwi séjé têgêsé!
Sugêng kabèh! Nuwùn séwu yå… nèk nyòng nggawé kiriman sìng marai dhé’é (kowé<red) kêsinggùng, nyòng kiye wòng anyaran. Nyòng mùng arèk nggunêm obar-abìr prâkårå sìng ngganggòni manahé nyòng mbangêt.
Dianyak såkå stéréotip rumangsané wòng
Indonésiyah (ora kabèh cêthané tåyå) nèk nglasturaké kâbudayan Tradhisional
utamané nganggo cårå dunùngan (dhaérah)
mbèk nganggo klambi tradhisional kuwi bab sìng diarani ndhéså mbèk norak, woha
piyé é kuwi? Malah trah nòm-nòman sakiyé rumångså isìn nèk ngòmòng nganggo cårå
dunùngan (umpåmå: cårå Jåwå, cårå Sundhå, cårå Minahasa, lsp.) Dhè’é
(kaé<red) luwìh dhêmên ambèk kâbudayan Kulòn (Éropå-Amérikå). Ora,
ora! Myòng ora nyulayakaké wòng Kulòn utåwå såpå baé mbèk nyòng ora
mòyòki nèk budåyå Kulòn kuwi uèlik. Ora! Nyòng njalùk ngapurå. Nìng
kòk yå åpå sulayané tåyå nèk nganggo kabudayané dhé’é dhéwé? Lak yå ironis
nda’an?
Wayang Kulìt: salah
sawijining budåyå Jåwå.
Dêlòkên nyòng, nyòng kiyé
wòng Jåwå, nyòng ijèh klêbu trah nòm-nòman jalaran yuswané agèk 19 warså mbèk
nyòng ora isìn blas nggunêm nganggo cårå Jåwå, nyòng palah nèk kadhèk nggunê,
cårå Indonésiyah sòk nganggo loghat Banyumasan (nyòng sakjané wòng Kêdhu såkå
Têmanggùng, nìng tau urìp nang Cilacap 3 warså). Jalaran nyòng wêgah diarani “Wòng
Jåwå sìng ora nJawani”, dak kèk’I rêti yå, wòng sìng ndhéså mbèk norak kuwi
palah wòng sìng rumångså isìn ambèk warisan kabudayané dhéwé, wòng sìng ngarani
modèrnisasi kuwi samubarangé tan nyarìng ndi sìng nggandhêm (bêcìk) ndi
sìng uélik (ålå). Pisan mênèh, dak kandani maring samang yå mas-mas mbèk
mbak-mbak kab`eh, rasah isìn marìng suku wangså, budåyå, mbèk cårå dunùngé dhé’é
dhéwé-dhéwé, simpênên budayané dhé’é sìng nggandhêm, guwangê budayané dhé’é
sìng uélik, lak yå gampang tåyå? Bòmbòngênambèk kuwi! Kênangåpå? Jalaran dhéwé
kiyé wòng Indonésiyah adaté, wòng Jåwå utamané! Kyé Indonésiyah! Kiyé Jåwå!
Kiyé Kêdhu! Kiyé Têmanggùng! Indonésiyah kuwi nêgårå sìng ndhuwèni motto “Bhinnéka
Tunggal Ika” têgêsé
“Obar-abìr Nìngan Ajêg Nyawiji”.
Jåyå Indonésiyah! Nêgarané!
Jåyå Jåwå! Suku-wangsané!
Jåyå Kêdhu! Sub-Ètnisé!
Têmanggùng Mèsêm!
Jåyå Jåwå! Suku-wangsané!
Jåyå Kêdhu! Sub-Ètnisé!
Têmanggùng Mèsêm!

Monggo parengaken anggepan menawa panjenengan badhe tanglet, nuwun.
BalasHapus