Sugêng Råmadhån gawé sìng agèk nglakóni 'påså'. Saman tèyèng
Råmadhån? Durùng tèyèng? Yå dak wènèhi sêthithík babagan Råmadhån.
Miturút
Wikipédia vèrsi cårå Inggrìs, Råmadhån yåkuwi sasi kapíng sångå nang kalèndêr
Islam. Donyå Islam sasi kiyé ngarani sasi
'påså'. Ngibadah taunan kiyé diarani dadi salah siji såkå Limå Rukún Islam. Pungkasan
sasi nang dinå 29-30 ditêntùkaké såkå rêrupan dêlêngan såkå wulan sabít,
miturùt akèh hadits. Têmbùng Råmadhån watòné såkå têmbùng cårå Arab yåkuwi “råmidautawa
ar-råmad”, sìng têgêsé panas têrìk utåwå kâgaringan. Påså kuwi hukumé
"wajíb" gawé wòng Islam sìng wìs baligh utåwå wìs gêdhé kâjåbå kanggo
dhè’é sìng agèk mêriang, lêlungan, mêtêng, diabétês utåwå mènstruasi.
Pas nglakòni
ngibadah påså såkå Subùh nganti Maghríb. Wòng Islam kudu nguwåwå awak såkå
mangan, ngombé, ngudúd, karo ngawín, nang pêpirang intêrprétasi dhè’é yå
nguwåwå awak sakíng nyumpah karo misùh. panganan karo wédang sìng dicawisaké
sabên dinå, dipangan sâdurùng Subùh karo sswisé Maghrìb. Miturút Islam, thåwab
(pahala) såkå påså sìng diéntùkaké kuwi akèh tênan, nìng nang sasi påså kiyé
dhè’é ngandêl pahalané dilêmpìt pindhokaké. Påså kanggo wõng Islam nalikå
Råmadhån kulinané dimèlòni karo nyacahé nang nglakóni sholat sunnah karo maòs
Al-Qur'an.
Nìng miturùt
nyòng, Råmadhån kuwi sasi sìng kêbak bêrkahé. Sabên wòng sòng 'påså' dadi
sabaran mêrgå dhè’é kudu nguwåwå 'nafsu' såkå mangan karo ngombé, ngudúd, nêsu,
ngênyèk, karo ngawín miwìt såkå Subúh têkan Maghríb. Bab kâsêbùt yåkuwi
samubarang sìng maraské, ha généyå? amargå organ jêro kåyå lambúng, usús alus,
usús gêdhé, lan kabèh organ jêro síng nggunå kanggo páncêrnan panganan iså
ngaso såkå Subúh nganti Maghríb kanggo siji wulan. Iki apík kanggo ngêlóngi
kadar gajih jêro awake sampéyan.
Nalikå adzan
Maghríb dikumandangaké, wóng síng nglakoni ngibadah påså dièntúkaké kanggo
mangan lan ngombé, ngawín utåwå åpåå kuwi lan bab kuwi kêpénak tênan, wóng
Islam Indonésiyah ngaraniné 'bukå påså'.
Kahanan nalikå agèk
bukå påså.
Sugêng Råmadhån lan Bukå Påså!!

Tidak ada komentar:
Posting Komentar